Kidung Prasetya
Kidung kagem panjenengan kangmas...
Kanthi raos ingkang sumendhal kulo matur
Ginawa trenyuh ing ati lan pangrasa
Rina dalah wengi tansah dedonga
Kidung menika kagem panjenengan kangmas..
Raga kepengin tansah kiyat santosa
Njagi kautaman ugi kesabaran
Pitutur sae, tebih saking cidra
Kidung menika kagem panjenengan kangmas
Eluh netes mandhap dumateng raga
Nglangut manah pupus pepuja
Raga ringkih amung pasrah tanpa daya
Ing pungkasan panyuwun kula
Enggal eling ngugemi janji setya
Tumapake cahya lintang ing angkasa
Dados seksi kasetyan kadya purnama
Tags
Geguritan